SELAMAT DATANG

ASSALAMU 'ALAIKUM WAROHMATULLOHI WABAROKATUH.SELAMAT DATANG DI BLOG SEDERHANA INI. BLOG INI ADALAH MILIK ABDUL MANAN FUAD ALGHOZI. WONG KALIWADUNG-KALGONDO-GENTENG-BANYUWANGI. AKU PUNYA DUA ALAMAT BLOG YANG PERTAMA ADALAH http://ihlashkanhati.blogspot.com DAN YANG KEDUA ADALAH http://ihlashkanhati2.blogspot.com DAN SELAMAT BERJUMPA DENGANKU. Hehehehehehe........

Jumat, 20 Januari 2012

Syi'iran Gus Dur

.

ASTAGHFIRULLOOH RABBAL BAROOYAA ASTAGHFIRULLOOH MINALKHOTHOOYAA ROBBII ZIDNII ILMANNAAFI’AA WAWAFIQNII AMALAN SHOOLICHA
YAA ROSULALLOOH SALAMUN ALAIIK YAA ROFI’ASYANIWADAAROOJII ‘ATHFATAYYAJIIROTAL ‘AALAMI YAAUUHAILALJUDIWALKAROMI
Ngawiti ingsun ngalaras syi’iran kelawan muji maring pengeran kang paring rohmat lan kenikmatan rino wengine tanpo petungan 2x.
Duh bolo konco priyo wanito ojo mung ngaji syari’at bloko, gor pinter ndongeng nulis lan moco tembe mburine bakal sangsoro2x.
Akeh kang apal quran hadise seneng ngaferne marang liyane, kafire dewe gak di gatekke yen eseh kotor ati akale 2x.
Gampang kabujuk nafsu angkoro ing pepaese gebyare ndonyo, iri lan meri sugiye tonggo mulo atine peteng lan nesto 2x.
Ayo sedulur ojo ngelalekake wajibe ngaji sak pranatane, nggo ngandelake iman tauchite baguse sangu mulyo matine 2x.
Kang aran sholeh bagus atine kerono mapan sari ilmune, laku thorekot lan makrifate ugo hakeqot manjing rasane 2x.
Alquran qodim wahyu minulyo tanpo tinulis biso diwoco, iku wejangan guru waskito den tancepake ing njero dodo 2x.
Kumantel ati lan pikiran mrasuk ing badan kabeh jeroan, mu’jzat rosul dadi pedoman minongko dalan manjinge iman 2x.
Kelawan alloh kang moho suci kudu rangkulan rino lan wengi di tirakati di riyadhoi dzikir lan suluk ojo nganti lali 2x.
Uripe ayem rumongso aman dununge roso tondo yen iman, sabar narimo najan pas-pasan kabeh tinakdir saking pengeran 2x.
Kelawan konco dulur lan tonggo kang podo rukun ojo ngasiyo iku sunnae rosul kang mulyo nabi Muhammad panutan kito 2x.
Ayo nglakoni sekabehane alloh kang bakal ngangkat drajate, senajan ashor toto dhohire anaging mulyo makom drajate 2x.
Laku palastro ing pungkasane ora kesasar roh sukmane den gadang alloh swargo manggone utuh mayite ugo ulese 2x.

1 komentar:

AM FUAD AG mengatakan...

Sobat........ selamat meresapi syi'irannya yaaa....